This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Kamis, 19 Januari 2017

Contoh Sesorah Penyuluhan Anti Rokok




Hasil gambar untuk gambar anti rokok
Assalamualaikum Wr. Wb
            Ingkang kinurmatan ibu Andesta Kepala Desa Ajibarang Wetan. Para rawuh warga Desa Ajibarang Wetan  ingkang dimulyaaken dening Gusti Allah SWT lan mboten kesupen  ibu Alfia ingkang dados ketua sak anggotanipun penyelenggara adicara menika ingkang kula hormati.
Sumangga kita sareng-sareng panjataken puji syukur dumateng  Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang sampun paring kinten-kinten kenikmatan saha kesarasan dumateng kita sedaya sehingga kita sedaya saged makempal wonten ing mriki ngantos mboten wonten alangan satunggal menapa. Shalawat saha salam mboten kesupen kita aturaken dumateng junjungan Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kita ajeng-ajeng syafa’at ing dinten akhir.
Sederenge kula matur dumateng panjenengan, kula petugas penyuluhan, nami kula Alfita Damayanti. Kula diutus saking Dinas Kesehatan Kabupaten Banyumas supados nerangaken kang hubungane kalih ngrokok dhateng panjenengan sedaya. Kula ngaturaken sugeng rawuh lan matur nuwun dhumateng para hadirin ingkang sampun rawuh wonten teng adicara niki.
Bapak ibu ingkang kula hormati, sakmenika kathah tiyang ingkang remen ngrokok. Saking bapak-bapak, tiyang ingkang sampun sepuh, bocah sekolah malahan balita ugi wonten. Rokok menika satunggaling barang ingkang bebayani sanget. Kahanan menika saya mempriatinken sanget. Amargi tiyang ingkang sampun ngrokok saged kapancing kangge nggicipi minuman keras lan narkoba. Miturut data saking Dinas Kabupaten Banyumas taun 2016, tiyang ingkang sampun ngrokok ngantos 70% saking jumlah penduduk Kabupaten Banyumas. Sanget mempriatinkan mboten?  Banjur napa sebeneripun  rokok menika? Napa mawon bahayanipun? Kepripun carane nyegah ngrokok menika?
Bapak-bapak Ibu-ibu, rokok niku gulungan tembakau ingkang dibungkus kalih sejenis kertas. Rokok kalebu zat adiktif sebab saged ndamelaken ketagihan lan ketergantungan dumateng tiyang ingkang ngisep rokok kasebut. Ing sajroning rokok niku wonten kandungan-kandungan zat kimia ingkang saged mbahayaaken tiyang ngerokok lan tiyang ing sekitare kebul rokok.
                Kebul rokok ngandhut luwih saka 4000 bahan kimia ingkang 200 zat racun lan 43 jenis liyane saged nyebabaken kanker. Zat kimia kasebut antarane : nikotin, tar, karbonmonoksida lan zat liyane.
                Behayanipun rokok kathah sanget, tuladhanipun :
1.       Mbebayani jantung
Karbon monoksida saking rokok sanget ngembangaken kolesteron, menep wontening dinding arteri. Kepara saged mbekta resiko serangan jantung lan stoke.
2.       Reporduksi lan Fertilitas
Ngrokok saged ningkataken resiko impotensi, rusaking sperma, ngirangi jumlahing sperma lan saged nyebabaken kanker testis.
3.       Tutuk lan maos
Ngrokok saged nyebabaken waos dados reget. Menika ugi saged nyebabaken penyakit gusi lan rusaking indera pengecap. Ingkang paling mbebayani inggih menika saged ningkataken kanker wontening lathi lan tenggorokan.
4.       Kulit
Ngrokok saged ngirangi oksigen ingkang tumuju kulit satemah saged damel kulit ketingal langkung sepuh utawi keriput lan kulit katon klawu.
5.       Padaran
Ngrokok saged ningkataken kanker wonten padaran lan resiko kanker wonten ing ginjal, pankreas sarta kandung kemih.   
                Bapak, ibu lan sederek sedaya. Menika wau penyakit-penyakit ingkang dipunsebabaken dening rokok. Sumangga kita jagi kesarasan. Upaya nyegah ngrokok niku yaiku mboten terpengaruh kanca, ngilari pergaulan ingkang mboten sae, ngertos bahaya ngrokok lan nglakokna hal-hal ingkang positif.
                Para hadirin ingkang kula hurmati, mangga kita sareng-sareng mbudidayaake urip sehat wiwit saniki lan ninggalake rokok sederenge rokok ninggalake kita sedaya kaliyan nganakake macem-macem penyakit.
                Cekap semanten saking kula mbok bilih wonten klenta klentu anggen kula matur kula nyuwun agunging pangaputen.
                Wabillahi taufik wal hidayah,
                Wassalamualaikum Wr. Wb.